Jumat, 13 Juni 2014

susunan adicoro pepisahan kelas 6 bahasa jawi/ susunan acara perpisahan bahasa jawa kelas 6

Assalamu’alaikum wr.wb.
Kawula nuwun. Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah sarta Bapak Ibu guru. Ingkang kinurmatan para tamu undangan wali murid dalah para kanca/ kadang nunggil pawiyatan ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kita sami ngaturaken puja-puji syukur dumateng ngarsanipun Gusti Allah Ta’ala, ingkang sampun kepareng paring kanugrahan arupi kasarasan lair saha batin sahingga ngantos wekdal punika panjenengan sadaya dalasan kula saged kapanggih wonten ing adicara pepisahan siswa kelas enem SDN Sukoharjo.
               Sholawat dalah salam mugi-mugi kunjuk dumateng nabi muhammad SAW. engkang mbeta umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah engkang kita raosaken sak menika, saha engkang kita antu-antu syafaatipun wonten yaumil Qiyamah Amin.
Bapak tuwin ibu guru, para undangan ingkang dahat kinurmatan, ugi para kanca ingkang kula trisnani kula ingkang jinejer pinangka pranatacara, keparenga langkung rumiyin badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun karakit dening para kadang panitia.
    
1.    Adicoro ingkang sepindah inggih punika Pambuka
2.    Kalajengaken waosan ayat suci Al-Qur’an acara ingkang kaping kalih
3.    Dalah Adicoro ingkang kaping tiga inggih punika tanggap wacana
4.    Panutup lan do’a mujudaken reroncening adicara ingkang pungkasan.

1.    adicara engkang sepindah inggih punika pambuka, mangga acara  wonten siang punika kita bikak kanthi waosan ummul kitab, mugi-mugi Gusti Allah tetep paring barokah sahengga lampahing adicara punika saged lumampah kanthi rancag hingga paripurna. ‘ala hadiniyyah assholihah alfatihah………
2.    kita lajengaken acara engkang kaping kalih enggeh punika waosan ayat-ayat suci al-Qur’an, dumateng kadang Qurrotul A’yuni  kula sumanggaaken
3.    menika kala wau waosan ayat-ayat suci al-Qur’an mugi-mugi saget nambah lancaripun adicara siang punika, adicara ingkang kaping tiga inggeh punika tanggap wacana utawi sambutan, sambutan ingkang sepindah saking wakil siswa kelas enem saha badhe aturaken  pamit dumateng bapak ibu guru, dumateng ingkang mewakili kulo sumanggaaken
4.    Mekaten kala wau sambutan saking wakil kelas enem, sambutan salajengipun saking wakil siswa kelas gangsal ingkang bade ngaturaken atur panguntap dateng kadang kelas enem. Dumateng ingkang mewakili kula sumanggaaken
5.    Acara selajengipun injih punika panglipur arupi pentas seni baca puisi saking sederek Yeni tri amelia  kalajengaken paduan suara. Dumateng sederek yeni lan petugas paduan suara kula sumanggakaen
6.    acara engkang selajengipun inggeh punika tanggap wacana utawi sambutan saking wakil guru wali kelas enem dumateng panjenenganipun ……………… kula sumanggaakan
7.    mekaten kala wau sambutan saking wali kelas enem, Sambutan  selajengipun ingkang badhe katutur injih menika saking Bapak kepala SDN Sukoharjo dumateng panjenenganipun bapak Mardiono kula sumanggaaken
8.    mekaten kala wau sambutan saking bapak kepala sekolah, Acara selajengipun injih punika panglipur arupi pentas seni lagu saking sederek Mei ria nur qolifah, dumateng sederek Mei ria nur qolifah kula sumanggakaen
9.    Adicara ingkang selajengipun inggih punika penyerahan hadiah dumateng siswa berprestasi,  dumeteng bapak saelan wekdal saha panggenan kawula aturaken
10.          Acara selajengipun injih punika panglipur arupi pentas seni lagu saking paduan suara dipun lanjut kalian lagu saking sederek Desi werdiana, dumateng sederek Desi kula sumanggakaen
11.          Tanggap wacana selajengipun ingkang badhe katutur saking wakil wali siswa kelas enem dumateng panjenenganipun Ibu Sri Hariyani kawula sumanggaaken
12.          mekaten kala  wau sambutan saking wakil wali siswa kelas enem, tanggap wacana ingkang pungkasan ingkang badhe kasalirani saking ketua Komite SDN sukohajo dumateng panjenenganipun Bapak Purwanto kula sumanggaaken
13.          Acara selajengipun injih punika istirahat ingkang dipun isi kalian panglipur arupi pentas seni saking sederek yesika lan ugi siti muti”atul. Dumateng kekalihipun kula sumanggakaen
14.          dilajengaken acara engkang kaping sekawan enggeh punika do’a, dumateng bapak MAKMUN  kula sumanggaaken.
15.          acara engkang pungkasan inggih punika panutup, mangga acara ing siang punika  kita tutup kanthi waosan hamdalah  “ alhamdulillahirobbil alamin…” mekaten saking kawula menawi wonten atur engkang kirang mranani dumateng penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun agunging pangapunten.

Wallohulmuwafiq ila akwamittoriq
Wassalamualaikum Wr.Wb.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar